Kamis, 27 Maret 2014


CONTOH CARA MENCERITAKAN KEMBALI SEBUAH CERITA DARI BAHASA JAWA KE BAHASA INDONESIA
Dening : Inong


ANAK LANANG

Dening: Puja Sutrisna


            Pucuk – pucuk pinus ing alas Tembara kang nantang langit kadya sayuta sanjata anigas janggane Sang Resi Bisma ing Perang Bharatayuda Jayabinangun. Sepi, sepa, samun rasane bumi Pasekan, Kecamatan Boyolali, dilegandhang angin mangsa ketiga sing wis kentekan mangsa. Sok sapa bae tamtu ngungun ing driya kalamun nyawang candhik ala, candhik ayu teka bebarengan, banjur sirna menyang Negara embuh…!!! Alon – alon nagging mesthi, mobil Kijang sing nggawa awakku tumuju gubuge wong tuwaku.
            Wusana mobil Kijang mandheg pas ing ngarep omah. Aku mudhun diapit Sersan Paiman lan Letda Daryono. Lakuku ndhisiki aparat sakloron. Kahanan omah katone sepi. Nanging satleraman in bendul lawang kandhang daksawang ana wong wadon tuwa gremeneng ijen.
            “Simbok, Mbok, … aku mulih, Mbok…!”, kandhaku kandheg ing gulu, banjur ambruk ing pangkone. Mesthine simbok banget kagete, marga sasuwene selawe mangsaku during nate tilik kahanane. Apamaneh baliku tanpa dinyana – nyana. Ewasemana tangan tuwa sing wis garing nglinthing iku isih krasa anget ngelus – elus sirahku.
            “Oh, anakku lanang, kowe mulih, Le?”, tembunge lirih kaya – kaya kandheg ing dhadha. “Sawetara suwe dak anti - anti balimu… wingi ana prenjak lunjak – lunjak ing pang jarak sing koktandur telung taun kepungkur. Aku sedina mlaya lungguh ing kene, nunggu tekamu. Sidane kowe mulih temenan, Le… ”
             
             Dak ulati praupane simbok. Kulite sing nglinting kepangan umur tuwa saya cetha. Daksawang mripate. Isih panggah kaya wingi. Tanpa sunar, blawuk kucem lan merem, saengga selawase umur ora bisa weruh kaendahaning jagad raya. Pancen wiwit lair nganti tuwa simbok ginanjar tuna netra sing banget mesakake alias wuta! Kira – kira mung rasa pangrasane bae sing dadi sesulihe pande lenge.

            “Le, karo sapa kowe teka? Kayane kok ngawa kanca…”
            “Iya, Mbok. Aku diterake kancaku. Ayo daktepungake, Mbok…!”
Sersan Paiman lan Letda Daryono banjur salaman lan nepungake jenenge. Raine simbok sumunar padhang. Eseme kawistara blaka suta. Apa anane.
            “Matur nuwun nggih, Nak, slirane kekalih kersa dolan dhateng dhusun. Nggih kados ngenten niki, kahanane Mbokne Paija!”
            “Mboten dados punapa, Mbok. Mandar kula rumaos remen sanget ngertos dhusun mriki.”, wangsulane Sersan Paiman.
            Simbok manthuk – manthuk. Aku dhingkluk. Tuwuh rasa miris ngiris – iris atiku. Sakmono gedhene pangertene pak polisi marang aku.
            “Punapa slirane kalih kancane sekolah anak kula?”
            “Enggih, leres, Mbok.”, wangsulane pak polisi bebarengan.
            “O, iya Le. Kepriye anggonmu sekolah ing ngunipresitas…? Apa wis rampung?”
            “Entuk pangestumu, Mbok, sekolahku wis rampung.”
            “Kowe munggah, Le?”
            “Pandongamu, Mbok, aku lulus.”
            “Banjur kowe bakal dadi priyayi, Le?”
            “Iya, Mbok. Bakal dadi priyayi.”
            Simbok unjal ambegan, lega. Praupane kawistara banget bombong lan mongkog. Dene aku ora kuwawa ndhengengek. Rasa perih, lara, durhaka, lan getun keduwung, tumpuk undhung dadi siji. Ngiris – iris awakku. Njenjuwing atiku. Dhuh Gusti, nyuwun pangapura lan nyuwun kekiyatan…!! Panjeritku sajroning ati.
            “Ah, saupama bapakmu durung ndhisiki mati, mendah senenge weruh anake lanang bisa munggah bale.”, tembunge simbok gemremeng dhewe.
            Aku ndhengengek alon – alon.
            Wewayangane bapak dumadakan katon cetha ngegla nyedhaki aku. Lambe kandel kanthi brengos njlirit ing sadhuwure lambe, kaya lagi muring. Sorot mripate sing landhep, mandeng raiku ora bosen. Aku wis ora kuwat nampani kabeh mau. Ah, kawibawane bapak ora luntur selawase, nadyanta mung saiki kari jeneng. Untunge, swarane simbok maneh age – age nyirnakake wewayangane bapak sing meh bae midana aku.

            “Le…”
            “Apa, Mbok?!”
“Sekolahmu ana ngunipresitas sing bisa rampung, banget ndadekake mongkoge atiku. Apamaneh kowe sekolah tanpa wragad saka ngomah. Malah pendhak – pendhak kowe ngirim dhuwit kanggo aku lan adhimu. Lha kae sawangen kandhang, turahane disandhang lan dipangan, dhuwitmu daktukokake cempe ngasi wis dadi wolu karo anake.”
Tembunge simbok mandheg sedela. Mripate sing kembeng – kembeng waspa, tumancep ing dhadhaku.
“Nanging kabagyan iki rumangsaku sajake kok isih durung sampurna, yen kowe durung …”, ujare simbok maneh nanging ora mbacutake tembunge.
“Durung apa, Mbok?”
“Durung omah – omah, Le!”
Aku mlenggong kaya sapi ompong.
“Apa kira – kira atimu isih banget lelakon ndisik?”, pitakone simbok maneh. Aku ora mangsuli.
“Wis Le, trimak – trimakna! Sajake Rustinah pancen dudu jodhomu.”, kandhane simbok lirih. “Dheweke anak juragan sugih mblegedhu, balik kowe mung turunan babu. Dadi ya wis lumrah, yen Den Surya nampik panglamarmu.”
Simbok unjal ambegan landhung. Aku ora suwala apa – apa. Polisi loro katone mung mlongo pindha tugu sinukerta. Ora let suwe simbok mbacutke ature.
“Simbok ngerti, atimu serik marga katresnanmu di tampik. Nanging lalekna rasa kelara – lara nalika semana! Saiki Rustinahmu wis rabi, wis anak loro. Mesthine kowe malah matur nuwun marang Gusti Allah, bareng lunga saka ngomah pungkasane malah nemu kamulyan. Sekolahmu bisa putus lan bakal dadi priyayi. Upama dheweke keprungku bab awakku, mesthi getune kepati – pati!”
Jagad iki rasane diputer kaya gangsingan. Mubeng seser ndadekake lungguhku kaya njomplang – njomplanga. Bebasan pitik sing dibeleh kanggo slametan kang klabakan nganti tekan luwangan. Uga aku. Praupanku sing abang dluwang krasa panas kaya di panggang.
“Bocah wadon ora mung Rustinah. Kowe wong lanang wenang milih wong wadon liya. Pilihen wanita utama sing bisa nresnani kowe lan aku, simbokmu ing nandhang tuna netra iki. . . ”
Mripatku neteske eluh.
“Jikem, adhimu wis rambah kaping telu ditembung anake Yu Glindhu. Nanging dheweke panggah semaya. Wedi kuwalat yen nganti ndhisiki kowe, jarene. ”
“Lha saiki Jikem ana ngendi ta, Mbok?”
“Jare melu ngeneni pari nggone si Sarti. Lha, kok yahmene ya durung laut.”
“Jikem saiki kepriye, mbok?”
“Wooo… ayu, Le. Sanadyan bisu, nanging anake Yu Gindhu sajak ora maelu. Kamangka si Sarmin kuwi rak bocah kuwawa, anak sagecil sing bakal malak papan sanggeme wong tuwane.”, Simbok ngendheg gunemane. Kaya ana bab liya sing arep dikandhakake.
“Le, kowe ki kepriye ta, kancane kok dienengke wae? Mbok digolek – goleke banyu kono! Galo, aku mentas nggodhog pohung sing mbubut Jikem saka mburi ngomah.”
“Ah, mboten sisah repot – repot, Mbok. Kula enggal badhe pamit wangsul.”, semaure Letda Daryono.
“Kondur? Punapa mboten sipeng mriki?”
“Pangapunten, Mbok. Kula namung ngeterake Paija ingkang badhe nyuwun pamit dhateng panjenengan.”
Simbok ndomblong kaya mentas ngimpi kelangan raja kaya. Sersan Paiman lan Letda Daryono ngedhepake mripat marang aku.
“bener, Mbok, anggonku mulih iki mung arep pamitan. Sekolahku wis rampung. Dene dina iki aku entuk tugas makarya ana Negara Landa. Saiki uga aku kudu budhal. Aku pamit, Mbok, mung pandongamu rina wengi tansah dak antu – antu. . . ”
Simbok banjur nyekeli sirahku, dielus – elus. Tumetesing eluh ati suci nelesi rambutku. Alon – alon nanging cetha simbok kandha.
“Oalah Le, yen pancen mangkono, aku wong tuwa mung bisa… melu memuji, muga – muga laku jantramu ketemu uripmu adoh rerindhu lan pepalang. Welingku, duga – duga tansah digawa, sing ngati – ati aja nganti lali. Nanging ana Negara Lanuda aja suwe –suwe, lho Le! Mbokmu wis tuwa ora ngerti apa – apa, dene adhimu saya dina ndungkap dewasa. Dheweke ora gelem rabi yen kowe durung kulawarga.”
Daktinggalake omah kanthi jangkah aras – arisen. Eluh bening tansah tumetes siji – siji. Sersan Paiman lan Letda Daryono mbukak lawang mobil Kijang. Aku nuli diakon mlebu. Sersan Paiman banjur lungguh ing sandhingku.
“Sersan, tindakna tugasmu!”
“Siap, Kapten!”
Tanganku dakcedhakake. Sersan Paiman ngetokake barang sing wis gumantung ana stut-e. Tanganki loro dicekel, lan nalika cekelane dicolake tanganku wis nyawiji. Aku diborgol.
Kapten Daryono nguripake mesin mobil. Sabanjure mobil klawu mlaku alon – alon ninggalake desaku. Dakerem – erem mripatku, nanging kabeh wewayangan sing lunga – teka malah saya cetha ngrindhu atiku. Simbok sing tunanetra, Lastri sing wis ndungkap dewasa, katiga dawa, lan sambate wong – wong ndesa sing ngaru – ara. Sirahku krasa abot nalika dakkrungu Kapten Daryono celathu, “Dadi mengkono lelakonmu ing njalari kowe dadi Bandar shabu – shabu, Paija?”
Perang Bharatayuda Jayabinangun kang campuh nggegirisi ing Tegal Kurusetra durung rampung. Nanging patine Resi Bisma ndadekake atine Duryudana rumangsa keduwung.
Secangkir the cem – ceman, dakrasa pait temenan!!!

Solo Tempel - Boyolali, 1 Juli 2000


Judul                 : Anak Lanang
Pengarang        : Puja Sutrisna
Terbitan            : Pos Kita
Tanggal Terbit : 16 Juli 2000
Sinopsis            :


ANAK LANANG
(Anak Laki - Laki)


Paija seorang anak laki – laki yang sudah lama tidak menjenguk ibunya yang ada di kampung. Pada hari ini dia datang ke kampung halamannya untuk menjenguk ibunya. Namun pada hari yang sepi itu, dia tak datang sendiri. Dia di antar Sersan Paiman dan Letda Daryono. Dia diapit oleh kedua orang yang berbadan kekar dan bertampang sangar. Sesampainya di depan rumahnya, hanya sepi yang dia rasakan. Selang beberapa lama, Paija melihat sesosok wanita yang sudah tua dan keriput yang sedang duduk sendiri. Benar, wanita tua itu adalah ibunya yang sangat ia rindukan. Paija berteriak – teriak mengisi sepinya hari itu. Wanita tua yang tadi termenung sendiri, kini terkaget – kaget mendengar suara anaknya yang lama tidak pulang ke rumah.
Air mata yang tulus menetes dari seorang wanita tua yang sangat merindukan anak laki – lakinya. Sang ibu mengelus – elus kepala sang anak dengan tangan yang kini sudah mulai makin keriput karena usia. Ibunya bertanya dengan siapa Paija datang. Ya, ibunya yang kini telah renta memang sudah tuna netra sejak beliau masih kecil. Kedua polisi yang gagah itu mengaku bahwa mereka adalah teman sang anak, demi menjaga perasaan sang ibu yang telah menunggu anak lali – lakinya yang sejak lama pergi dari rumah dengan alasan bersekolah di universitas.
Paija mengaku telah lulus kuliah di universitas dan akan menjadi “priyayi”. Mendengar hal itu, sang ibu terharu dan bangga hatinya. Sepengetahuan ibunya, Paija pergi untuk belajar di universitas dengan biaya sendiri. Setiap bulan Paija mengirimkan uang untuk menghidupi ibu dan adik perempuan yang sangat ia sayangi. Ibu Paija berangan –angan seandainya ayah Paija masih hidup, pasti ayahnya akan ikut merasa bangga dengan apa yang telah di raih anaknya. Mendengar hal tersebut, Paija menjadi teringat kembali dengan sosok ayahnya. Seandainya sang ayah masih hidup, sudah pasti kini ayahnya murka dengan apa yang dilakukan Paija.
Selang waktu berjalan, kini tiba saatnya Paija harus segera kembali ke tempat tinggalnya yang baru. Paija berpamitan kepada sang ibu. Dia berkata hendak pergi ke Negara Landa untuk menjalankan tugas. Kembali, sang ibu merasa bangga luar biasa. Beliau mendoakan agar sang anak dapat memperoleh berkah dalam segala langkah dan tetap ingat kepada ibu, adik, keluarga dan Negara asalnya. Tetesan air kembali menetes dari mata tuna netra sang ibunda.
Semakin remuk hati Paija ketika ia menyadari bahwa selama ini dia telah menyakiti hati sang ibunda karena kebohongannya selama ini. Ia telah menjadi anak durhaka yang telah meninggalkan ibunya dalam kebohongan yang besar. Kini Paija harus ke “Negara Landa” yang berarti “penjara” baginya. Menjadi Bandar shabu – shabu adalah  jalan yang kini telah menjadi cambuk penyesalan selama hidupnya. Dalam hatinya hanya rasa sesal dan permohonan ampun kepada ibu tuna netra yang sangat di sayanginya. Ia hanya bisa melantunkan doa dan harapan yang lebih baik di jeruji penjara yang kini menjadi rumah keduanya. 

1 komentar:

  1. Borgata Hotel Casino & Spa - MapyRO
    Find 경상남도 출장마사지 MGM Resorts Casino & Spa address, street view and street view map. Borgata Hotel 성남 출장안마 Casino 목포 출장안마 & 군산 출장안마 Spa, Atlantic City - 동두천 출장마사지 MapyRO's photo and

    BalasHapus